Senin, 06 Mei 2019

GEGURITAN



        Gêguritan minangka wujud karya sastra kanggo mêdharaké pikiran lan pangrasa pênyair kanthi sarana basa. Têmbung “guritan” saka têmbung lingga “gurit” kang duwéni têgês ‘tulis’, gambaran jaman kuna wong kang nulis ana ing lêmbaran kulit uwit. Déné tulisan kang ditêmokake ana ing kulit kayu diarani ‘gurita’. Jaman saiki kang diarani guritan yaiku karangan kang kaikêt déning paugêran tartamtu kang gunggungé ana patang gatra utawa luwih (Subalidinata jroning Puspita, 2017).

        Guritan kapérang dadi loro, yaiku guritan lawas lan guritan anyar (gêguritan). Miturut Sumarlam jroning Puspita (2017), gêguritan modèrn ora kaikêt déning aturan guru wilangan lan guru lagu kayata macapat uga ora kaikêt déning ‘métrum’ kaya kakawin. Jaman saiki guritan anyar luwih ngrêmbaka ing masarakat tinimbang guritan liyané. Malah saiki sapérangan gêdhé kalawarti basa Jawa mêsthi ngêmu gêguritan sabên pênêrbitané. Mudha-mudhi kang asring nulis gêguritan lan isih migunakaké konvénsi basa sajroning panulisan gêguritan (sajak, owahan swara, lsp). Gêguritan diciptakaké kanggo sawijining kêbutuhan kaéndahan amarga gêguritan bisa mènèhi pangaribawa sênêng utawa hiburan kanggo pamaca. 





UDAN WAYAH SURUP

Dêrês brêss…
Tirta tumiba ing bumi
Nalikané kréta iki mandhêg
Wurung anggonku bali
Nunggu…
Lunga têkaning banyu tumiba
Daktunggu nganti angslupé srêngéngé
Sêmribité bayu krasa adhêm
Raga lumuh pindhah panggonan
Ananging sawangên, sawangên...
Wong cilik padha nékad
Nêrjang udan angin tanpa pasrah
“Payung, payung, payung, …”
Tawa marang kang têka
Amrih cukupé kêluwarga
Ati trênyuh
Nètès luh ora kêgayuh
Nganti sêpréné durung saguh iguh?


Surakarta, 23 Januari 2019
















Referensi:
Puspita, OW. (2017). Upaya Meningkatkan Keterampilan Menulis Geguritan Berdasarkan Cerkak Melalui Penerapan Metode Mind Mapping (Peta Pikiran). Jurnal Ilmiah Lingua Idea, 6(2), 98-11.